Teks MC Acara Rutinan Pertemuan Alumni Pondok Pesanten


TEKS MC ACARA RUTINAN PENGAJIAN DAN PERTEMUAN                                                        

         السلام عليكم ورحمةالله وبركاتة

 

 Hadrotal Muhtaromin Poro 'Alim 'Ulama  نبياء   الذين هم ؤرثة الاingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT.

 Hadrotal Muhtaromin Abah K.H. Imam DjurjaniHasbulloh soho Ummi Nyai Hj. Ning Munifatun Malikhah, selaku Pengasuh Pondok Pesantren Riyadlotul 'Uqul Nampudadi, ingkang tansah kawulo ajeng-ajeng barokah ilmu nafi' ipun.

 Dumateng panjenenganipun Ning Khusna Anirotul Hikmah الحافظة  beserta keluarga ingkang tansah kawulo tresnani lma kawulo ta'dzimi.

 Dumateng panjenenganipun Ning Farikhah Ismawati beserta keluarga ingkang kawulo tresnani lan kawulo ta'dzimi.

 Dumateng panjenenganipun Ning Zulaikho Khoerunnisa beserta keluarga ingkang kawulo tresnani lan kawulo ta'dzimi.

 Dumateng ketua putri IKANA lan sedoyo rencang-rencang alumni Pondok Pesantren Riyadlotul 'Uqul Nampudadi ingkang kawulo tresnani

 Mboten supe dumateng sedoyo santriwan-santriwati ingkang tansah kawulo hormati lan tansah kawulo tresnani.

Sepindah monggo kito sareng-sareng ngaturaken raos syukur kito dateng Allah SWT biqaulina tahmid الحد لله رب العالمين  ingkang sampun paring pinten,-pinten rohmat,taufiq, hidayah soho kenikmatan sehinggo kulo Lan panjenegan sedoyo saged bermuwajahah bilwujuh Kanti mboten wonten ulangan setunggal punopo.

Kaping kalihipun, sholawat soho salam mugi tansah konjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Saw. ingkang kawulo lan panjenegan sedoyo ajeng-ajeng syafangatipun mbenjang wonnten ing yaumil qiyamah,lan mugi-mugi kulo lan panjenegan sedoyo kegolong umatipun ingkang nampi syafangat. Aamiin 2x Allohumma Aamiin.....

Sa'lajengipun kawulo ngadep wonten ngarso panjenegan sedoyo sak perlu badhde maosaken susunan adicoro wonten enjing siang meniko.Dene susunan adicoronipun inggih meniko :

1. Pembukaan

2. Semakan Al-Qur'an

3. Sambutan-sambutan

a) sambutan ingkang sepindah inggih meniko sambutan saking ketua IKANA putri

b) sambutan keluargi ndalem

4. Adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko menyanyikan lagu Indonesia Raya lan Yalal Wathon

5. Dungkap adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko pengajian kitab Washiyatul Musthofa

6. Dene adicoro ingkang kaping NEM (6) inggih meniko penutup atawi doa

mekaten susunan adicoro enjang siang meniko.

# Gandeng wekdal ingkang sampun sakwetawis siang,monggo kito "bikak" adicoro puniko kanti waosan ummul kitab...........رسول الله ص.م. الفاتحة ولشفاعة  الله لبتغاءمرضى ت

Kawulo aturaken agunging panuwun, mugi-mugi kanthi washilah ummul kitab meniko, adicoro wonten enjang siang meniko lancar kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

# Dungkap adicoro kaping kalih inggih meniko semakan Al-Qur'an, dumateng Ning Khusna Anirotul Hikmaالحافظة    wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo

Kawulo aturaken agunging panuwun, mugi mugio kanthi waosan ayat Al-Qur'an meniko waged nambaih keberkahan dumateng kito sedoyo lan keluarginipun. Allohumma Aamiin...

# Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko sambutan ketua IKANA putri, dumateng penjenjanganipun Ibu Nyai Siti Johariyah kawulo aturaken sumonggo

Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken agunging panuwun.

# Saklajengipun inggih meniko sambutan keluargi ndalem ingkang dipun asto dening Ning Zulaikho Khoerunnisa, dumateng penjenjanganipun kawulo aturaken sumonggo

Dumateng penjenjanganipun kawulo aturaken agunging panuwun

# Dungkap adicoro ingkang ongko sekawan inggih meniko menyanyikan lagu Indonesia Raya lan Yalal Wathon, dumateng ingkang ngayaih tugas kawulo aturaken sumonggo

Monggo dumateng poro ibu ibu sedoyo kawulo aturi jengkar sakwetawis

...................................................................

Dumateng ibu-ibu sedoyo kawulo aturi lenggah, sumonggo....

# Dungkap adicoro ingkang ongko NEM (6) inggih meniko pengaosan kitab Washiyatul Musthofa ingkang dipun asto dening Umi Nyai Hj. Munifatun Malikhah sekaligus do'a

Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken sa' cekapipun

 

# Alhamdulillah adicoro ing enjang siang meniko sampun paripurno kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Saking kawulo katah kalepatanipun awit awal dumugi akhir kawulo nyuwun agunging pangapunten. Saking kawulo akhirul kalam "Wabillahi Taufiq Wal Hidayah"

 

والسلام عليكم ورحمةالله وبركاتة                                           

 

Rabu,24 Juli 2024 M // 17 Muharam 1446 H

Post a Comment

Previous Post Next Post